BUDAYA

NGGOLEKI KERIS PANCAWARNA PAMOR ILAT PANDHAN EMBAN SANGGA BUANA

Keripta Dening: -Muhammad Sapta Ragil Sapawira -Seri Loro

Ki Ageng Rebo Pahing lahir saka rahime Biyung Satinah 22-7-1953, ngepasi dina Rebo Pahing. Lahir cenger kegaduhan jeneng Tugiman. Nanging Karana Biyung Satinah seda konduran Tugiman milih sesinglon Ki Ageng Rebo Pahing.

Pernah ing pinggir pasisir Ngrenehan keprungu pawongan watuk-watuk. Jebul Ki Ageng Rebo Pahing sang lelana tapa nembe laku Sikil Jiwa. Wayahe jam siji bengi.

Suku jumangkah mbarengi kemrisike Wedhi segara sing kesampar angin wengi.

Niate Ki Ageng Rebo Pahing gembleng ngener mangulon nuju dusun Mendak Girisekar, kapanewon Panggang.

Jangkahing Sikil dicepetake merga age age ketenu juru kunci Cupu Panjala Ki Dwija Sumarta ingkeng mapan ing padukuhan Mendak.

Ewo dene Ki Ageng Rebo Pahing kudu mandeg. Desa Krambilsawit mbeneri ana ontran-ontran pilihan Lurah.

Ki Ageng Rebo Pahing golek sisik melik mbok menawa para jago Lurah nyenkelit Keris Pusaka Pancawarna kang nembe diburu.

Ki Ageng kuciwa. Sing digoleki ora ana ing Kranbilsawit, nanging malah kepapak rombongan ula dumung ngalang-alangi lakune Ki Ageng Rebo Pahing.

Kepeksa leren nanduki panggidane barisan ula dumung kang gedhene selumvung bandhung.

Barisan ula pangreka dayane Nyai Gadhung Mlathi mblasah kaya babatan pacing kasoran mungsuh Ki Ageng Rebo Pahing.

infogunungkidul

Recent Posts

Tabrak Honda Beat, Seorang Pelajar Meninggal Dunia di TKP

GUNUNGKIDUL - JUM'AT WAGE, Kecelakaan lalu lintas (laka lantas) yang melibatkan dua sepeda motor terjadi…

1 minggu ago

JAPFA dan LPER Resmikan Kemitraan Strategis

GUNUNGKIDUL - KAMIS PON, PT Japfa Comfeed Indonesia Tbk (JAPFA) bersama Koperasi Produsen Usaha Lembaga…

1 minggu ago

UNS Wisuda 1.082 Mahasiswa Periode VII Tahun 2026

SURAKARTA - MINGGU WAGE, UNIVERSITAS Sebelas Maret (UNS) Surakarta mewisuda sebanyak 1.082 mahasiswa di Auditorium…

2 minggu ago

Unjuk Rasa di Yogya Berlangsung Aman

YOGYAKARTA - JUM'AT PAHING, POLDA Daerah Istimewa Yogyakarta memastikan, aksi demontrasi yang berlangsung pada siang hingga…

2 minggu ago

Pendidikan Khas Kejogjaan Masuk Kurikulum Perguruan Tinggi

YOGYAKARTA - JUM'AT KLIWON, GUBERNUR Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY) Sri Sultan Hamengku Buwono X secara…

3 minggu ago

Bantul Diguncang Gempa Magnitudo 3,6

BABTUL - KAMIS WAGE, KABUPATEN Bantul, Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta diguncang gempa bumi tektonik dengan…

3 minggu ago