NGGOLEKI KERIS PANCAWARNA PAMOR ILAT PANDHAN EMBAN SANGGA BUANA

2893

Keripta Dening: -Muhammad Sapta Ragil Sapawira -Seri Loro

Ki Ageng Rebo Pahing lahir saka rahime Biyung Satinah 22-7-1953, ngepasi dina Rebo Pahing. Lahir cenger kegaduhan jeneng Tugiman. Nanging Karana Biyung Satinah seda konduran Tugiman milih sesinglon Ki Ageng Rebo Pahing.

Pernah ing pinggir pasisir Ngrenehan keprungu pawongan watuk-watuk. Jebul Ki Ageng Rebo Pahing sang lelana tapa nembe laku Sikil Jiwa. Wayahe jam siji bengi.

Suku jumangkah mbarengi kemrisike Wedhi segara sing kesampar angin wengi.

Niate Ki Ageng Rebo Pahing gembleng ngener mangulon nuju dusun Mendak Girisekar, kapanewon Panggang.

Jangkahing Sikil dicepetake merga age age ketenu juru kunci Cupu Panjala Ki Dwija Sumarta ingkeng mapan ing padukuhan Mendak.

Ewo dene Ki Ageng Rebo Pahing kudu mandeg. Desa Krambilsawit mbeneri ana ontran-ontran pilihan Lurah.

Ki Ageng Rebo Pahing golek sisik melik mbok menawa para jago Lurah nyenkelit Keris Pusaka Pancawarna kang nembe diburu.

Ki Ageng kuciwa. Sing digoleki ora ana ing Kranbilsawit, nanging malah kepapak rombongan ula dumung ngalang-alangi lakune Ki Ageng Rebo Pahing.

Kepeksa leren nanduki panggidane barisan ula dumung kang gedhene selumvung bandhung.

Barisan ula pangreka dayane Nyai Gadhung Mlathi mblasah kaya babatan pacing kasoran mungsuh Ki Ageng Rebo Pahing.




Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan.