MEMPERINGATI Hari Kartini dalam batas serimonial diramaikan dengan aneka lomba mulai dari memasak hingga lomba mengenakan sanggul. Habis lomba selesai tanpa jejak.
Warga Gunungkidul jarang berfikir, bagaimana mengenang Raden Ajeng Kartini dengan cara lain, agar tokoh wanita itu bisa tersenyum di Alam Barzah.
Saya mencoba menghibur, atau lebih tepatnya mendoakan agar pahlawan wanita yang satu ini mutmainah di Alam Pengrantunan dengan tiga Pupuh Dandhang Gula.
KARTINI
- Pamulange Den Ayu Kartini
Jumbuh jaman nalika semana
Ngagem basa busanane
Ngemban jiwa puniku
Ngungkung raga
Ngeman pakarti
Pun Rama nggadhang kamulyan
Jangka lan panuwun
Dyah ayu didama-dama
Dadya putri inggkang mulya tuwin wani
Ngadhepi lir bebaya.
- Abendanon nyerat mbanyu mili
‘Weh pitutur ngakasa lan bumi
‘Ra mung kelor upamane
Kanthi sabar tinemu
Jroning driya dipun antepi
Manggih ngelmi kasunyatan
Medal saking pangepung
Mlajar tebih doyo-doyo
Madep mantep mijiling emansipasi
Sengga dadi panutan.
- Jaman mangke kudu ngati-ati
Dimen ora neraki trapsila
Unggah-ungguh lelakune
Prasaja luwih baku
Timbang nguja hawaning diri
Kanepson wanita tenan
Bilaheni sak klangkung
Parimirma putri para
Nganti puput pegate sukma menawi
Niki dados cepengan.
Begini sekelumit doa kebudayaan untuk Raden Ajeng Kartini. (Putat, 21-4-2022-Bambanglipuro Wahyu)













